Posted inOpini

Ayo Ngguyu

Spread the love

Teruso ngguyu Mbak Ayu, masio urip tambah abot sanggane. Ojo pijer mandek anggonmu ngguyu. Ngguyu marang opo lan sopo wae. Ngguyu marang dunyo sing wis owah, ngguyu marang negarane sing soyo ora nggenah, ngguyu marang awake dewe sing tansah akeh masalah. Mergo kuwi kabeh tegese awake dewe isih urip neng ngalam dunyo.

Siji sing dadi pawelingku, saiki wis ora ono sing keno dipercoyo. Menungso wis owah soko ginaris kamanungsane, kabeh wis dadi kewan wujud menungso. Mulo ojo mandek anggonmu ngguyu Mbak Ayu. Sawangen kewan-kewan kuwi rebutan balung, rebutan pangan, rebutan papan, rebutan opo wae sing keno dadi rerebutan.

Koyo Tikus clurut sobo kantoran
Koyo Kebo edan nerjang paugeran
Koyo Macan luwe mangan lanjaran
Koyo Truwelu ucul ngerusak sayuran
Koyo Nogo geni nyemburke dendam
Koyo Ulo Weling mangan kancane
Koyo Jaran kepang mancal kandange
Koyo Wedus Jowo ngerusak tanduran
Koyo Kethek kere munggah bale
Koyo Pitik Babon nguber Jago
Koyo Ashu jenggong turut dalan
Koyo Babi Ngepet sobo pasar

Liyane mung dadi abang-abange jagad. Urip tanpo guno, mati ninggalne perkoro.

Ayo ngguyu ….

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *