Posted inINTERMEZO

Tangisane Garengpung Blitar

Spread the love

Wis suwe ora krungu suwarane Garengpung. Krungu pisan ora suwi. Mergo sing nyuworo kesusu miber, wedi naliko ono sing nyedaki. Iso mergo wedi yen dipangan, utowo wegah sesrawungan karo sak liyane garengpung.

Garengpung duwe jeneng nasional yoiku Tonggeret. Neng mBlitar umume dijenengi Garengpung. Wujude koyo Walang. Tapi ora koyo jajan Kwalangan. Garengpung nek pas nyuworo moko suwarane banter, kurang luwih iso tekan radius 100 meter, iso ugo luwih adoh, tergantung mangkringe neng wit duwur opo endek.

Jawane ngono wingi mlaku-mlaku menyang Candi Gambar Wetan. Ndilalah kersane Ngallah, diparingi iso ketemu karo Mas Garengpung, masio mung sedelo. Banjur mbungahi age-age tak cedaki. Ganteng. Sumpah!

Umume Garengpung muncul utowo nyuworo naliko mongso rendeng arep entek. Yen Garengpung muncul duwe teges sedelo maneh mongso ketigo bakal teko. Tapi amergo jaman saiki mongsone wis ora karu-karuan ndadekne Garengpung mestine yo bingung. Seminggu udan, rong minggu panas, utowo sak wulan rendeng, telung wulan ketigo. Dadi semrawut. Sebab musabab’e ora arep tak gagas neng kene, tiwas mumet kabeh.

Neng wilayah Blitar pesisir lor utowo kidul, kadangkolo krungu suworo Garengpung nyenthe-nyenthe koyo ibu-ibu sing lagi kecopetan, njerit-njerit, nyenthak-nyenthak, saking bantere suworo. Tapi nek suwarane Garengpung ora gawe larane kuping, nanging malah gawe tentremi ati. Tapi yo ora kabeh wong krungu suwarane Garengpun otomatis dadi tentrem. Tergantung wong kuwi lagi nandang opo. Yen nandang nesu iso dadi malah ngamuk terus nggejlukne sirahe neng wit-witan pinggir dalan utowo tembok pager omahe sopo kono.

Kanggo mangerteni indahe suworo Garengpun ora kabeh uwong iso. Mergo wong saiki kakehan karep banjur kepontal-pontal olehe nyukupi karepe mau, dadi mokal iso menikmati suwarane Mas Garengpung. Onone malah podo ngamuk, mbrebeg’i anggone mikir carane golek duwit kanggo nguber kebutuhane.

Soal Garengpung keno kanggo mertandani mongso rendeng utowo ketigo koyone saiki angel nek digawe paugeran. Mergo sakliyane mongsone sing wis owah, habitat utowo papan panggonane Mas lan Mbak-mbak Garengpung soyo entek dijaluk menungso.

Ndisik Mblitar iki mestina koyo alas gung liwang-liwung. Jalmo moro jalmo mati, tegesi sopo wae sing wani moro utowo manggon tlatah Mblitar akeh matine. Lha jenenge wae alas gung liwang-liwung, mestine akeh kewan gede-gede, sing biasa mangan menungso. Neng sejarah mblitar wis katulis, menowo mblitar iki nate duwe perayaan rampogan macan, tegese mblitar ndisik akeh macane. Cetho tho?

Macan kuwi perlambang e Satrio. Mulo naliko ono rampogan macan sing tegese mateni macan rame-rame keno dadi lambang yen akeh Satrio soko mBlitar dipateni. Masio ukoro iki ora keno diugemi nanging keno gawe rengeng-rengeng e batin, mBlitar ancene nyolowadi, bukti menowo candi-candi sing ono ing sak ambane Mblitar dadi saksi anane poro Satrio pinilih sing nate cumondok ono kene, Mblitar.

Saiki Mblitar wis ajur. Ora duwe Satrio. Ora duwe budoyo. Ora duwe maneko warno. Mblitar wis ora ono lambang kemblitarane, mergo wis sak rupo karo kutho-kutho kiwo tengen e. Kok iso? Yo iso lah. Kene kok dipadakne kono. LOL

Semono ugo Garengpung. Garengpung wis podo sumingkir neng pinggiran, urip neng sekitare wit-witan sing gede. Wit-witan sing gede onone mung neng lereng gunung Kelud utowo pinggir pantai mblitar. Mergo tengah-tengah wis kebak diiseni kebutuhane menungso, gedung, perumahan, lapangan, dalan anyar lan sak teruse. Masiyo ono siji loro kadangkolo isih kerungu suwarane neng ndeso-ndeso sing isih ono wit-witane sing gede.

Kebake jalmo menungso neng Mblitar, ndadekne poro kewan podo pilih nyingkrih tinimbang dipateni tanpo sebab. Termasuk bangsane Garengpung. Mergo menungso saiki soyo kejem-kejem. Ora butuh sebab utowo alasan sing maton kanggo mateni kewan. Opo maneh kewan sing wujude cilik-cilik, nek keno di idek yo langsung diidek, sing keno dibandem yo langsung dibandem. Pokok kewan opo wae sing ketok neng ngarep moto, lumbraho mesti mati mergo kejeme menungso.

Ancen yo ono sing gemati marang kewan, tapi dipurih asile. Misale ngingu pitik dipurih endog e utowo daginge. Gelem ngowehi pakan mergo murih endog e kanggo pitik petelur. Nek pitik e sampek ora ngendog langsung di beleh utowo diobati sampek engko iso ngendog ajek, lumbraho pitik dipekso ngendog sedino ping pitu.

Sing seneng ngingu kucing, roto-roto kanggo ngusir tikus, sak ora-orane tikus podo wedi nek neng omah ono kucinge. Dene sing ngaku tresno Kucing, saking tresnane Kucinge malah podo dikrangkeng. Sing seneng ngingu Ashu, Ashune dipurih kanggo njogo omah, kanggo medeni maling lan sak teruse. Lha terus piye? Yo emboh… aku yo ra mudeng wkwkwkwk.

Semono ugo sing seneng tanduran. Nandur sengon, nandur jati, mahoni, ora ono maksud liyane kejobo pingin oleh asil soko kayune. Nandur Rambutan nek sajak e uwohe ora apik, wite dipateni. Misale diganti nandur ceplukan. Ceplukan uwoh terus diunduhi anak-anak e tonggo iso malah dadi congkrah karo tonggo teparo wekekekeke….

Menungso ancene sarwo pingin menange dewe, kabeh sak dunyo iki lumbraho kudu manut lan kudu iso nyenengne opo wae karepe menungso. Nek sampek ora iso gawe seneng e menungso moko siap-siap disirnakne soko dunyo. Dadi sopo sak jane sing paling jahat neng ngalam dunyo iki? Aku ora iso njawab. LOL

Mulo ora mokal yen kabeh menungso bakal nompo bebendu utowo ganjaran soko perbuatane sing adoh soko njogo hayuning buwono. Kewan dipateni, sing ora keno dipateni podo digusah, diusir, amprih ilang soko ngarep matane. Wit-witan ditegori, kanggo muasne anggone lumpuk-lumpuk bondo dunyo. Wit-witan sing wis jelas-jelas uripe gor iso maringi marang menungso wae dientekne, dene menowo ono sing nandur wit-witan pungkasane tetep dipateni. Opo maneh wit-witan sing ngalang-ngalangi anggone menungso liwat, wis ora butuh wektu suwi, mesti ilang, ditegor, dibabat, dipateni tanpo amit.

#saveflorafaunablitar

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *