Posted inINTERMEZO

Paijan & Karnapal Agustusan 2012

Spread the love

Bar beduk Kang Paijan tukang becak sekitar Terminal Patria Blitar ngajak anak bojone nang aloon-aloon Blitar. Karepe arep ndelok karnapal agustusan tahun iki. Isuk mau Kang Paijan wis narik becak nang sekitar terminal Patria, alhamdulillah anggene narik becak ngasilne duit limolas ewu ripis, dadi wis enek sangu kanggo ndelok karnapal masiyo kuate gur tuku cilot karo es pleret mungkin isih iso nambah enting-enting jahe kanggo anake.

Teko aloon-aloon blitar, karnapale wis arep diwiwiti. Pirang-pirang kelompok kesenian lan barisan-barisan sing sarwo gawe pacakan pejuang kemerdekaan katon siap dibudalne mlaku ngubengi dalan kutho Blitar.

Ndilalah naliko Kang Paijan sak anak bojone melok uyel-uyelan nyedek dalan sing arep diliwati karnapal, ujuk-ujuk…

” Jan!” enek sing bengok nyeluk.
Kang Paijan tolah-toleh nggoleki sumbere suara.
” Ealah Sampean to Pak Sur, piyambak’an to Pak?” jawabe Kang Paijan karo balik takon nang Pak Suryo, juragan kerupuk uyel tangga sak RT-ne Kang Paijan.
” Iyo Jan.” jawabe Pak Suryo karo mesem
” Lha ibuk kok mboten nderek?” pitakone kang Paijan kanggo abang-abang lambe.
“Isuk maeng bojoku budal nang Semarang kulakan teligu kanggo bahan kerupuk, awakmu rak eroh dewe to Jan, kabeh sabendino pada repot. Arep ngejak anakku yo gak iso, wong de’e lagi nang Bandung, kuliah. Ngajak Suradi, adikku, yo gak mungkin, wong de’e kudu ngawasi pabrik kerupukku nang omah,” penjelasane Pak Suryo jian jibles kaya sing dikira-kira kang Paijan sak durunge.

Sak wis’e pak Walikota Blitar ngibarne gendero tanda karnapal diwiwiti, panitia karnapal terus podo umek ngatur barisan karnapal amprih ora ruwet. Siji-siji soko pirang-pirang kelompok sing melok karnapal mulai mlaku karo jarak antarane kelompok sing wis tentokne panitia. Sing pertama barisan merah putih soko bocah-bocah SMA Negeri 1 Blitar, disusul barisan-barisan liyane sing katon rapi jejer-jejer liwat ngarepe Walikota Blitar. Sak wise kuwi terus barisan dramben, disusul barisan Bhineka Tunggal Ika lan sak teruse.

Paitun anake kang Paijan melok joget-joget nang gendongane Yu Paijem, bojone Kang Paijan. Paitun katon sumringah, bengok-bengok karo ngguyu nyawang barisan Dramben, Jaranan lan tari-tarian soko bocah-bocah TK sak mblitar.

“Awakmu kok malah ndelok karnapal to Jan? Wayahe lek malah narik becak ben oleh duit akeh,” guneme Pak Suryo nang Kang Paijan
“Oalah mboten Pak, niki kesempatan kulo seneng kalih Paijem lan anak kulo,” wangsulane Kang Paijan karo terus nyawang Paitun sing sik panggah lunjak-lunjak kesenengen nang gendongane Yu Paijem mergo eroh atraksi-atraksi lucu karnapal naliko liwat ngarepe Walikota Blitar sak undangane.

” Loh, lek awakmu narik becak saiki mestine bakal oleh duit akeh Jan. Terus sok iso tuku becak dewe, ora nyewo kaya saiki ngunu kuwi. Limang tahun engkas iso tuku becak maneh, limang tahun berikute tuku maneh, sampek duwe becak 10 utowo 20. Awakmu malih dadi juragan becak Jan.” Pak Suryo nyoba ngowehi arahan kanggo kang Paijan.

“Enjih Pak, leres niku. Pinten tahun njih Pak, menawi kulo mangke gadah sedoso becak?” takone Kang Paijan etok-etok gak iso ngitung.

” Yo lek 5 tahun becak sitok, dadi yo butuh wektu 50 tahun Jan, tapi lek awakmu sregep nabung paling ora sampek 30 tahun.” Pak Suryo terus ngowehi arahan amprih Kang Paijan tambah semangat.

“Wah tigang doso tahun njih Pak. Sak sampunipun gadah becak sedoso lajeng pripun njih Pak mangke?” Kang Paijan pingin eroh terusane.

“Yo awakmu malih enak uripe, ora mancal becak maneh, mergo akeh sing nyewa becakmu. Awakmu gari ongkang-ongkang nang omah duit pada moro, sabendino seneng-seneng karo anak bojomu, dolan-dolan teko ngendi-ngendi..” Pak Suryo katon tenanan anggene krenah nang Kang Paijan.

“Wooo.. ngoten njih. Lha teng nopo kedah nenggo tigang doso tahun menawi pingin seneng-seneng, wong sak niki kulo saget seneng-seneng kalih anak bojo kok Pak Sur.” jawabe Kang Paijan enteng karo ngerangkul pundake Paijem sing nggendong Paitun.

Asem tenan Paijan iki, batine Pak Suryo karo etok-etok nyawang mendung nduwur aloon-aloon mblitar. Kroso mak nyas atine, kelingan keluargane sing tansah akeh duit soko usahane produksi kerupuk uyel, tapi ora tau duwe wektu kanggo ngumpul bareng masiyo gur lungguhan nang teras omahe.

# 30 Agustus 2012

2 thoughts on “Paijan & Karnapal Agustusan 2012

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *