Posted inJadulan

JADULAN #1

cangkruk 1
Spread the love

Wulan Suro, dino Kemis Kliwon malem Jemuah Legi. Enek bocah telu lanang kabeh lagi cangkruk neng emper warunge Mbah Sumirah. Bedjo, Lilo, karo Tarjo. Ancene yo bocah ndeso, gur bocah telu wae rame ne koyo pasar manuk kembrukan wit ringin, kemresek gak karuan!

Bocah telu kuwi lagi ngobrol ngalor ngidul gak enek juntrunge, kadang kolo yo ngulon terus ngetan notok. Banjur mbalik meneh neng tengah, koyo yoyo sing benange ruwet, macet!

“Eh… aku krungu-krungu kowe wingi ngomong nek saiki pulau jowo arep dibagi meneh, mbesok malih enek Jowo Kidul karo Jowo Elor. Koyoke wis waleh karo istilah Jawa Barat, Jawa Tengah, lan Jawa Timur. Kiro-kirone Jowo Kidul kuwi ngendi ae to Be?” pitakone Lilo karo nyumet rokoke sing dilak-diluk mati mergo mbakone rodo teles.

“Yo Jowo sisih kidul kuwi, wilayah sing cedak karo segoro kidul, mepet karo Kerajaane Nyi Roro Kidul, yo kene iki Li, mblitar! sangar kan?” semaute Bedjo karo nyruput kopi sing gari separo.

“Walah koyo wis weruh Kerajaane Nyi Roro Kidul wae kowe Djo…!”.cluluk’e Tarjo ketok nek ngremehke Bedjo.

“Loh jare Kerajaane Nyai sing ayu kae neng segoro kidul? Berarti kan yo bener nek Jowo Kidul kuwi gandeng karo Kerajaane Kanjeng Ratu Segoro Kidul, kan podo-podo kidule, Tar!” Semaure Bedjo ngandalake logika. Logika sing disinauni naliko neng SD Inpres jaman semono.

“Weladalah… Kowe iki yo wis weruh pisan to Be, nek Nyai sopo maeng? Roro Kidul kuwi ayu? Ojo-ojo mek gur kemeruh kowe.” Lilo melok nyambung, penasaran.

“Yo jare wong-wong kae lho Lo! Mosok kowe ora tau krungu critane? Goblokmu kok ora entek-entek tho Li… Li..!” Bedjo mulai gregeten, pingin nyawat gelas kopi neng awake Lilo, tapi gak sido. Gur srememet.

“Loh ya.. aku iki gur takon Beee….! Ra sah menteleng ngono tho! Medeni bocah kowe iki,” Ujare Lilo karo grayah-grayah korek, rokoke mati meneh.

“Wis..wis.. lanjutno Be! Opo sing dadi maksudmu maeng?” Tarjo nyoba nengahi
“Maksudku opo Tar?” Bedjo malah takon balik neng Tarso.
“Walah.. yo embuh, mosok aku ngerti maksudmu? Sing ngerti mestine yo awakmu dewe tho Be! Bocah kok geblegh banget!” Tarjo malah katut mangkel
“Ancene tambah cengoh Bedjo iki. Mulane ojo mangani iwak codot ae, yo ngono kuwi oleh-olehe, tambah kendo utekmu!” Lilo sok keminter. Padahal opo hubungane iwak codot karo utek e Bedjo, tapi yo embuh, iso ae memang enek gathuk e.

“Iwak Codot enak, gobloook…! Timbang awakmu nyubung ae, deloken to, raimu tambah ciut saiki Li!” Bedjo wegah kalah. Nyubung kuwi maksute ngrokok godong kecubung. Dadi godong kecubung dirajang disik persis mbako, terus dipepe, lagek iso dilinting gawe rokok, kebal-kebul koyo umume rokok. Tapi iso nggliyeng neng sirah. Nek gak kuat iso mendem tenan. Ora gur mendem utekke tapi yo iso mendem jiwo-ragane, mati. Haha…

Jenenge ae bocah cangkruk, sing dibahas yo reno-reno. Opo wae sing kenek dibahas yo dideleh neng nduwure kopi, dibahas karo nyruput kopi maksudte. Hehe…

“Lha terus piye Be? Ngendi ae sing masuk Jawo Kidulan?” Tarjo mbukak obrolan meneh.
“Yo embuh, tapi sing jelas Mblitar iki kalebu Jowo Kidulan, aku dewe secara pribadi seneng nek Mblitar iki masuk Provinsi Jawa Selatan alias jowo kidul. Tanah jowo iki wes kakehan menungso. Provinsi sing wis enek, ora cukup gawe mungkasi sekabehane kebutuhan rakyat. Koyodene Banten, saiki wis adek dewe dadi Provinsi. Mbesok yen wis teko rejo-rejaning jaman, sopo ngerti Mblitar dadi Provinsi, itu tidak mustahil terjadi, kawan!” Bedjo gaya serius. Tarjo mrengut, koyo biasane ancene de’e seneng maido mulane golek celah gawe maido sing digagas Bedjo kuwi.

“Kuwi karepmu dewe opo kongkonan Be, kok sajake wis jelas ngunu lambemu nek ngomong.” Gremenge Lilo sing rodo iri nek Bedjo ketok cerdas.
“Lah piye to kowe iki Li, iki maeng kan nggagas Future Of Javadwipa…” lambene Bedjo sampek mlecur-mlecur pas ngomong bahasa linggis..eh Inggris.
“Weleh..weleh… gek panganan opo kuwi piuche op japadwipa Be..Be… kowe ora usah keminggris! Iki nek sampek krungu wong akeh iso disawat sandal cangkemu engko!” Tarjo melok serik, mergo Tarjo blas ora ngerti boso linggis haha…

“Mulane to… masio awake dewe iki wong ndeso, ora enek salahe mbukak wawasan kanggo sinau urip. Termasuk sinau boso Linggis, boso Chino, boso Londo lan sak teruse… Tapi ojo ninggalke budoyo ne dewe termasuk boso jowo. Syukur gelem belajar utowo sinau boso meduro, boso Bali, boso batak sampek boso ne kewan opo maneh bosone wit-witan. Lha wong saiki ae awake dewe wis kangelan nepake boso jowo kromo, opo meneh kromo inggil, iyo opo ora?!” Tambah manteb omongane Bedjo.

“Bener cangkemu Be… Awake dewe wis ora iso boso jowo kromo inggil, ngoko ae sebagian wis ilang keterak boso Indonesia campur jawa timuran. Oke, sing iki aku setuju karo lambemu Be.” Dengaren Tarjo iso nrimo pendapate Bedjo, tapi yo embuh engko.

“Mestine enek sebab lan musababe Be, menyangopo jaman saiki termasuk awake dewe wis kangelan ngecakne boso jowo kromo inggil?” Lilo akal-akal melok krenah, masio buntut’e ngemu pitakon sing durung biso kejawab.

“Wis..wis… soal boso ora usah digagas disik. Nerusne soal Provinsi Jawa Selatan ae… lanjut Djo!” Perintahe Tarso koyo komandan satpol Pamong Projo merintah anak buahe.
“Ho’oh… terusno Be!” Lilo ora kabotan karo komandone Tarjo, sarujuk!

“Nah mulo kuwi, awake dewe kudu blajar grayah-grayah gitok’e dewe. Ora sokor maido neng wong liyo, lha wong awake dewe wis ora gelem nggawe budayane dewe. Ora usah duwur-duwur, bab boso sabendinane ae awake dewe wis mblayang gak karu-karuan….” Bedjo dadi semangat nyerocos
“Wis Be, sing iki. Sing mau lho, jowo kidulan!” Bengoke Tarjo.
“Loh boso kuwi yo bab penting lho Tar!” Bedjo sik ngengkel
“Iyo, aku paham bab budoyo kuwi yo penting, di bahas sesok wae. Saiki sing apik bab Jowo Kidulan disik. Mbahas budoyo sirahku cekot-cekot!” Lilo nggremeng karo nyaut korek neng nduwur mejo, rokok e mati maneh.

“Kosik to Cah, iki maeng gor angen-angenku, dadi durung dadi pepestine negoro…. Piye to kowe-kowe iki?” Bedjo malah dadi bingung. Tangane ngranggeh telo goreng sing lagek dientas soko wajan karo Mbah Sumirah, terus dideleh neng mejo ngarep e bocah telu kuwi.

“Enek opo tho jane, awit mau tak rungokne kok podo bengkerengan wae?” Mbah Sumirah melok gumun campur curigo sanuke gegeran tenan. Geger neng warung iso bangkrut engko usaha warunge.

“Hora enek opo-opo Mbah…” semaure Tarjo karo nyruput kopine.
“Bedjo iki lho Mbah, arep ngedekne Provinsi anyar, jenenge Provinsi Jawa Kidul. Dadine Provinsi JaDul…, singkate jadulan, Mbah.” Lilo mbukak bahasan neng Mbah Sumirah ben tambah akeh sing mumet koyo deweke, ngono bathine Lilo.

“Hoalah Be..Be… Nekmu ngimpi kok eram men.” Mbah Sumirah age-age nyingkrih, lagi mudeng nek bocah-bocah kuwi podo ndleming gak karuan.

Bocah telu podo nyawang Mbah Sumirah sing jumangkah menyang pawon, sak wise bayangane Mbah Sumirah ilang mlebu pawon, mak gler…! Pecah guyune bocah telu kuwi.

“Piye iki Beee?” Pitakone Lilo
“Piye opone?” Bedjo sik nyamuk-nyamuk mangan telo goreng.
“Yo kuwi maeng lho Be! Jadulan alias Jawa Kidulan! Piye tho bocah iki!” Lilo geregeten

“Lha menurutmu piye, Li?” Tarjo nyoba mbalike pitakon, kanggo mangerteni ojo-ojo si Lilo pas ngelu mergo nglinting godong kecubung koyo saiki malah kewetu kecerdasane.

“Aku asline yo ora mudeng babagan kepemerintahan opo maneh urusan negoro. Nanging, nek nyawang-nyawang umek e wong jaman saiki, ancene bener impen e Bedjo, wis wancine Jowo iki mbukak wilayah provinsi anyar. Opo maneh Jowo Wetan iki, wis sak mestine dipecah wilayahe kanggo memenakkan…” Durung tuthuk anggene Lilo ngomong..

“Sik, Lo! Memenakkan kuwi opo?” Pitakone Bedjo sing ancene niat ngisruh konsentrasine Lilo amprih pedot, sokor ilang soko sirahe Lilo.
“Ora usah ngisruh kowe Be..!” Tarjo paham niate Bedjo. Iso gagal tujuane Tarjo sing pingin ngrungokne penemune Lilo masio rodo mendem mergo kakehan godong kecubung.

“Embuh wis.. terusno dewe Be!” Lilo sido mutung.

“Bedjo ki ancene kucluk! Bocah lekas waras malah disenggaki, ilang wis kesempatanku ngrungokne ocehane Lilo, Be!” Greneng e Tarjo, karo nyecek rokoke sing wis gari sak sedotan.

“Washyu…! Padakne manuk wae aku! Kirik tenan kowe Tar!” Lilo ethok-ethok gak trimo, tapi koyo ban becak sing lagi pecah telu-telune, kabeh podo ngguyu kepingkel-pingkel…

Sawetoro kuwi, Mbah Sumirah lagi ringkes-ringkes bekakas sing bar dikorahi, suarane pating klenting, beling natap beling, wajan natap tembok, podo ditatani ben rapi mergo warunge arep tutup. Wis wayah wengi jebule.

“Wis..wis…wis….! Aku arep mulih disik, sesok nyambut gawe cah…” Bedjo ngadek ninggalke kursine, mlebu warung karo ngetokne duit gawe mbayar kopi lan gorengane maeng.

“Aku pisan Be!” Celuluke Tarso
“Pisan apane heh? Bendino sing mbayari yo aku ngono lho!” Bedjo mandeng Tarsj, gaya nesu.
“Gantian Be, bar awakmu sok awakmu maneh..!” Lilo melok nyauti.

“Hahahaha….” kabeh podo ngguyu ngakak.

“Ancene asyu kabeh…” grenenge Bedjo karo ngelungke duit marang Mbah Sumirah.
“Akeh men Be, aku gak enek susuk!” Mbah Sumirah malah ethok-ethok sambat.
“Ora usah disusuki Mbah, kuwi karo kopine wedus-wedus neng njobo kae lho…” Semaure Bedjo.
“Lha iyo, iki yo sik susuk Be, wong yo gur kopi telu karo gorengan telu.” Mbah Sumirah butuh genah-genahan.
“Gak popo Mbah, ora usah disusuki. Wong yo sesok-sesok aku karo bocah-bocah kuwi rene meneh.” Krenahe Bedjo karo ninggalke Mbah Sumirah.
“Oh yo wis matursuwun Lee…”

Angin wengi tansoyo asrep, mbulane yo wis lingsir mangulon, pratondo sedelo maneh ganti srengenge sing ngancani muter e bumi.

One thought on “JADULAN #1

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *