Posted inINTERMEZO

Kleleran ing nagari gemah ripah loh jinawih

Spread the love

emakHayo coba gawe cara goblok-goblokan wae, sakjane nagari iki kudune adil makmur sejahtera lan sentosa, murah sandang pangan sak papane. Mergo sumber daya alame sing oleh kanugerahane saka Gusti Kang Maha Agung dadi iso metu minyak, emas, batubara lan sekabehane, opo maneh lemahe subur. Akeh gunung-gunung berapi sing ndadekne subure lemah pertanian, perkebunan, sampek alas gung liwang-liwung wae iso ngasilne kebutuhane menungsa. Durung maneh sumber daya kelautane sing sak ambrah-ambrah ambane.

Nah saka panyawangan kuwi wae mokal yen rakyat nagari iki isih ana sing keluwen, isih ana sing melarat, isih ana sing sengsara urip sabendinane. Nanging kasunyatane ora setitik manungsa ing nagari iki sing urip kleleran, kasungsang-sungsang olehe nyukupi butuhe urip. Ibarate arep ngemplok sega sak pulukan wae kudu nibo tangi jungkir walik disik. Embuh podo ngemis, podo luru rosokan, utawa rekasa buruh apa wae sing penting oleh pangan.

Mestine ana sing salah neng nagari iki. Tapi embuh apa kuwi. Ora ateges goleki sapa sing salah ora perlu nyana elek marang sapa wae, mung blajar maca babagan apa wae utawa babagan sing endi wae sing kudu dibenake, nek perlu diancurne ben samubarang sing gawe reridu nagari iki iso oncat saka kene. Mula kudu disinauni, dipelajari, digatekke, amprih iso nemu sebab musababe.

Yen nyawang polahe wong saiki sing urip neng nagari iki kaya-kaya mung mikir butuhe dewe-dewe. Sing penting kepriye butuhe dewe cukup sukur iso linuwih, dadine dina-dina mung mikiri awake dewe-dewe, soal wong liya masio pada-pada urip neng nagari iki, wis babar pisan ora kegagas. Apa maneh sing jenenge tangga teparo lha wong dulur kandunge dewe wae iso diapusi, direkadaya, sampek ana sing diperjaya amprih uripe iso mukti dewe.

Semana uga sing kedapuk dadi penggede utawa pemimpin daerah sampek pusat, isine mung umek mikir jabatane, mikir olehe ngeruk banda dunya sak akeh-akehe saka nagari iki, mikir kelanggengane jabatan lan kekuasaane. Yo ancene ora kabeh, nanging mayoritas. Logikane nek penggede-penggede utawa wong-wong sing lungguh neng pemerintahan kerja kanggo nagari iki ateges nyengkuyung urip lan panguripane rakyate wis sakmestine bangsa Indonesia tata tentrem kerta raharjo sampek teka patine. Tapi kasunyatane malah sebalike. Saiki rakyat remuk njaba njeru, pemerintah ora karuan jluntrunge, rakyat bingung banjur ketere-tere dadi kere neng nagarine dewe.

Suwene suwe iso kedaden nek rakyat wis pada paham sapa sejatine sing ngerusak nagari iki, sapa sing dzalim neng rakyat nagari iki, banjur duwe krentek saka njero dada mulat sarira hangrasawani hangrakubi bela nagari nerjang sekabehane sing gawe rusak nagari iki, ngejur sapa wae sing wis tumindak durjana neng nagari iki. Mulane sing kudu ati-ati, yen wis tekan titi lan wancine sapa sing ngerusak nagari bakal ngunduh wohing pakarti,  mati sajroning pagebluk pralaya ring Nusantara.

 

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *